Weather (state,county)

Breaking News

CAMER VS NYONG (eps 7) "KESURUPAN"



Dugududguddugudug grrr grrrr ckkekk (suara motor shogun biru koplingan dekene kakange) mandeg pas nengarep nggone camere. seketika itu inyong mudun sekang motor kambi ngaca neng spion bermaksud merapihkan rambut sing ora mungkin rapi (kriting siii....).
tegakkan badan..testing suara...kon supayane katon wibawa vokale "ehhhemmm ehhemmm test test satu duaa dicobaa Asslamu'alaikum ...hay ningsih... " berulang-ulang kambi mlaku alonan sambi ngrapihna klambi sing tes de gosok adine.
"tok... tok...tok..." (bunyi ketukan pintu yang iramanya hampir menyerupai denyut jantungku)‪#‎ecieee‬ cieee
ijig-ijig sekang njaba krungu suara kaya wong lagi njempling-njempling
arrrrghhhh arggghhh arghhhh (gambarane kaya kie lah). langsung bae karo gaya film hollywood... dobrag lawange... *braaaaag* banjur mlayu mlebu njero...
nyong : "ana apa kie ana apa kie..."
ningsih : "massss (suara lirih)"
nyong : "iya ningsih.."... (berusaha romantis)
ningsih : "bapak masss" (merdu suaranya aisssshhh)
nyong : "bapak kepripun ningsih... "
ningsih : "bapak kesurupan massssss ......"
nyong : " la busyaaaa setane gelem temen..."
ningsih : "masss mature d sae..."
nyong : "keceplosan de ningsih... lah ski nengendi??"
ningsih : "neng mburi umah mass"
nyong : "yuh buru...."
sampailah maring mburi umah, neng kno ana ibune lagi nangis keweden bingung ndelengna bojone mencak mencak gaya macan
ningsih : "kuehh mas bapake kesurupan jin macan kayane... aku wedii mass aku wedi (kambi mingsek mingsek nangis) *yang bagian ini sedikit romantis harusnya*
nyong : "tenang kekasihku... ada mamas disini... (kambi mikir piwwwwwe kiye carane)
ijig ijig nyong olih inspirasi nambani wong kesurupan..inspirasi sekang film vampir cina
camer : "argggggghhhh arggghhh guk guk " (mencak2 gaya macan)
nyong : "hehhhhhhh kowe sapa ????? "
camer : "arggggghh aku MACAN SING DUWE KAWASAN KENE" apa kowe.. nantangen kowe ..weddus kowe "
nyong : "iyaaa tk tantang kowe.. ora weddi aku arep macan..singa..naga..naruto..madara..ora weddi.."
nyong : "ningsih... aku nduwe strategi"
ningsih : "strategi npo masss"
nyong : "siapna banyu pipis sing akeh"
ningsih : "apppaaahh pipisss???"
nyong : "iya gagian ko pipis trus wadaih ember karo ibune d jek sisan"
ningsih karo ibune lgsung mlkukan perintah sekang nyong. trus bar kuwe nggawa banyu uyuh ehh pipis se ember temenan karo siwure sisan (nyong be gumun..pipis koh se ember).
nyong : "hayyuhhh kowe macan.. mettu ora rika sekang ragane camere nyong".. (kambi nyekeli siwur isi banyu pipis)
camer/macan : "aduhh kie bocah ngerti kelemahane nyong.. nyong ya kudu due strategi kiyeh" gumam camer eh macan dalam hati
camer/macan : "ampun mas ampun mas nyong wis sadar nyong wis ora kesurupan.. kie nyong asli camere rika..asli.. busung mas busung..."
nyong : "nek temenan wis mari .. jajal bedekan nyong kie sapa ????"
camer/macan : "nyong ngerti .. ko kue calon mantune aku sing bagus dewek"
nyong : "SALLLAHHH !!! camere nyong sing asli ra tau nganggep aku calon mantu... mettuuuuuu kowweee" *byuuurrrrr* (banyu pipis mengguyur tubuh pak camer).
akhirnya keluarlah macan dari raga pak camer
nyong : metu kowe... mampus kowe... (kambi terus ngguyur pak camer karo banyu pipis)
camer : "aseemm apa kie... pesing temen.. heh kowe.. uwiss uwiss bocah koh kurang ajar temen maring wong tuwa... jaddddab kowe... pancen kowe.."
nyong : "hahhh kayan2e ws mari apa yaa.. gaya gayane tah wis kaya camere nyong" "aduwhh nk temenan wis mari aku kudu kepiwe kieh... oia... arep api2 kesurupan lah"
camer : asem tenan kowe ... anak ngguru koh kaya kue maring wong tua"
nyong : *api2 kesurupan* "hahahahaha AKU BANTENG PENUNGGU ALAS WETAN HAHAHA"
ningsih : "pakk.. gari mamase kesurupan... siram karo banyu pipis sing neng ember ...."
camer : "hahaha siap anakku " BYUUUUUUUUUUUURRRRR BYUUURRR !!!!!!

No comments