Weather (state,county)

Breaking News

CAMER VS NYONG (eps 8) "SPIDERMAN"


debdebdebdebdebdeb glek (suara motor supra x dekene nyong)*wis d dandani ngasi ntong sejuta punjul koh ora denggo nggo ngapel.. cuakakakak gumam inyong neng njero kalbu ning ati*
wis lah pokoke kaya biasane,, dandan rambut ngrapihna dasi ..*ciee dasian* ngelap sepatu vantovel kon katon meling..*
"tok tok tok assalamu'alaikum..." deneng sepi temen ya,... jajal maning lah... "tok tok tok assalamu'alaikummmm spada.... anybody home...." pada nengendi si.. jajal tek telpon sit lah..
nyong : "de ningsih...seg teng pundi..." (sit suiiitt)
ningsih : "mas...darurat mas...darurat.." (suarane madan nletek)
nyong : "ana apa maning....bapake kesurupan maning??"
ningsih : "mboten mas... niki lewih darurat mas....." (bocah wadon siki kaya kie.. takon apa njawabe apa)
nyong : "gari ngomong koh...ana apa ana apa...!!!"
ningsih : "bapak mas...."
nyong : "bapak kepriwe dodollll" (selot suwe ya dadi ngegas)
ningsih : "bapak arep BUNUH DIRIIIIIIII ..........." (sekrungune tah kambi nangis...)
nyong : "astaghfirullohhh.... jan ana ana bae...wis tuwa nggane. lah nengendi kuwe...
ningsih : "tower mas...lapangan.. *hehhh hehh (mingsek-mingsek)*
nyong : "ya kieh tek ngonoh"
banjur kue...langsung mlumpat maring motor slup...kontake..pencet stater..."cekikikiiki" *suara motor d stater* ngeeeeeeeeeeeeeeeeeeng....
sebutulnya di TKP ternyata temenan pak camer wis tingkrang neng puncak tower kambi udud mbarang koh... ..tur juga wis akeh kerumunan wong pada ndelengna kambi nyuraki...
wong 1 : "aja mati disit pak...dosa..."
wong 2 : "utange desaur disit ngko mbene...arep bunuh diri ya ngonoh"
wong 3 : "mlumpat cepet ngeneh...ngko tek pancak"
wong 4 : "mlumpat cepet lah... lagi nggo delengan mati ya mati ngonoh"
wong 5 : "istighfar pak... nyebut butt...nyebut..."
wong 6 : "melas anake pak....detinggal wong tuwane...aja nekad sih ngapa"
wong 7,8,9 dst : "rokok kopi rokok kopi,,," "cireng mas ..mba..cireng" "siomay siomay..."
wong 10,11,12 (bocah enoman) : *ceprattt cepret... selfi karo tongsis smarpon*
polisi 1 : *kambi nyekeli toa(pengeras suara) melu ngomong "bapak kardiman sebutkan pesan-pesan terakhir anda" (plakkk !!! polisi 2 ngampleng trus ngrebut toa).
polisi 2 : "bapak kardiman...mohon segera turun karena bisa membayakan anda sendiri dan orang sekitar"
camer : "ngalih lah..aja pada neng kono...mbok ketiban..."
ningsih : "bapakeeee....heeeeeeeeeeeeee.. (kambi nangis)"
bar kuwe nyong mlayu kambi nggawani anda trus langsung manjat ming tower (sing maca ngerti anda apa ora kiye??anda kuwe tangga coeg....wong pinter ya inisiatif disit nggoleti anda..lanjut)*
nyong : "pak...ayo pak...mudun bareng"
camer : "emohhh"
nyong : "anu kpriwe miki-mikine pak...deneng pengin bunuh diri.."
camer : "udu urusanmu"
nyong : "rika urung ngrasakna rasane duwe putu mbok...aja bunuh diri disit lah.."
camer : "lah ..sapa sing arep nggawekna putu nggo nyong lah..."
nyong : "NYONGGG SAPA MANING..."
camer : "masa ko lah..."
nyong : "lah mol anake presiden sihh.."
camer : "ya kena..."
nyong : "SIHHH !!!" crita disit ya kena deneng pengin bunuh diri kue anu kepriwe..?
camer : "bojone nyong selingkuh mas...." hahahahaha huhuhu (kie udu ngguyu tapi nangis)
nyong : "lahhh wis tua nggane...ana selingkuh mbarang...ayuh pak...rampungna masalahe bareng2...sing penting mudun disit ayuh:
ijig-ijig bojone camere teka...trus langsung ngarang ngorong...
bojone camer : "pak...bapake .... nyong ora selingkuh ora pak... kiye kakang sepupune aq sing kerja neng kalimantan ... mbene bali.."
*lalu ada dialog yang mengharukan dan romantis antara camer dan bojone*
bojone camer : "pak ayuh pak...kembali ke dekapanku pak... aku ra bisa urip tanpa kowe mas..."
camer : huhuuu (mingsek-mingsek nlangsa kambi ngelap ulueh sing mlingser gigal sekang mata)
bojone camer : "pakkk ayuh pak...wis tek masakna jangan kesukaane bapak ...jangan kangkung cekelane mendoan tempe pak.. ketambahan sambel pete maning pak...ayuh lah pak..(nangis ngasi ulueh dlaweran)
*para warga sing lagi nonton pun melu-melu pada nangis lebay karena kejadian kiye ternyata sangat mengharukan*
bakul tisu : "tisu...tisu..tisu'..."
tapi wis saking panike ningsih melu manjat ming tower niat nulungi bapake sing lagi arep bunuh diri.. dengan cekatan ijig2 wis butul nduwur.. lewih duwur tenimbang posisi bapake siki (bisa-bisane....anu bocah lengob sih..)
camer : "ya wis lah ayuh tek mudun...tapi mudune piwe...kiye nyong wedii"
nyong : "lah busya... ya wis ayuh ngeneh tek gendong ya kena...jere wedi teyeng manjat ming tower sih piwe..."
camer : "lah wong niat arep mati manjate mbok..."
nyong : "lah siki esih pengin mati??"
camer : "ora ...pengin maem jangan kangkung karo mamake..."
nyong : "ya wis yuh lah...ngeneh tek gendong"
unggut unggut akhire camer dan nyong bisa turun karo slamet... eh maksude turun dengan selamat, kondisi pak camer sing wis ra nggenah...langsung d peluk neng bojone... "ahh romantis sekali pak camer karo mak camer" gumamku dalam hati.."
setelah itu,, penonton pun langsung membubarkan diri kambi ngucapna slamet dan riuh tepuk tangan ikut bergelora di arena tempat kejadian perkara hampir bunuh diri tersebut. (jan basane campur2 yoh...mbok angel goli menggambarkan kejadian karo basa cilongok nin..)
bar kuwe inyong, pak camer karo mak camer pun bali kambi di sambut arak-arakan oleh warga..
camer : "alhamdulillah...nyong seneng banget...ternyata aku salah ma..wis nuduh sing macem-macem karo kowe ma..
bojone camer : "mboten npo2 pak.... mriki..tek dulang bapake.... "aaaaa" (dulang-dulangan mbarang...romantis mbok...anake karo nyong be ora tau kaya kuwe)
camer : "lah ningsih sih nengendi ma..."
bojone camer : "INNALILLAHI.......esih neng tower miki pak... (banjur semaput)
camer : kejet kejet syok ngasi metu busane
warga : "aduh kepiwe deneng dadi kaya kie mas.."
nyong langsung kepikiran duwe inisiatif.. yaitu nggolet katel alias laba-laba..mbarang nemu tek tempelna tangan kon nyokot nek ora ya ngentub lah..
eh..ternyata bener.nyong langsung duwe kemampuan sing luar biasa..bisa mlumpat-mlumpat karo ngetokna jaring sekang tangan.langsung tek namakan dirine nyong "SPIDERMAN"
nyong mbatin : "lahh nek wis kaya kie kan nyong bisa dadi superhero nylametna kekasieh..jen...romantis nemen"
nyong : "ningsih.... kangmas akan datang menyelmatkanmu sayang"
warga : "ayuh mas...gagian...nulungi ningsih"
nyong : "okeh siap...tapi nyong arep nggone amir disit"
warga : "lah arep ngapa..."
nyong : "arep njaluk tulung maring bapake amir kon nggawekna KOSTUM SPIDERMAN"
warga : *nglegeg*
sementara di ketinggian tower lapangan 100 dpl. ningsih sing esih bertengger di puncak menangis segelem gelem...
ningsih : "mamase nyong tah jahat...bapake nyong tah d tulungi... lah nyong ora... lah ujar-ujare nyong d anggep APPPAAA..."

No comments