Weather (state,county)

Breaking News

Diuber Celeng

Sore-sore bali sekang ngalas, Daplun sing bar repek ketemu Kemplu nang ndalan.

“Priwe kabarmu Plun, raimu deneng katon pucet, kowe waras mbok?” Kemplu takon.

“Ya pendongane waras kang, cuman miki inyong meh baen kelungse koh,” Daplun semaur.

“Kelungse kepriwe mangsude?” Kemplu takon.

“Genah inyong miki meh baen mati disruduk celeng koh,” Daplun semaur.

“Lha deneng bisa kaya kuwe, kepriwe ceritane..?” Kmeplu takon maning.

“Mau pas inyong agi repek nang alas, inyong petukan kambi celeng. Tek urak karo kayu pring, elah kuwe celeng malahan ngamuk. Aku diuber-uber arepan disruduk, untung baen celenge bolak balik tiba kepleset. Dadine inyong sempet menek wit,” Daplun ceritane dawa.

“Waduuuuhh medeni temen ya, nek inyong sing diuber celeng wis jelas sinyong kepoyuh-poyuh,” Kemplu ngomong.

“Genah inyong be kaya kuwe koh, ujar-ujarmu celenge bolak-balik kepleset banyu apa sih?”(*)

No comments